Assalamu’alaikum
warohmatullohi wabarokatuh
A.
Alhamdulillahi
robbil ‘alamin, alladzi an’amana bini’matil imani wal-islam. Wassolatu
wassalamu ‘ala aysrofil ‘anam, sayyidina wamaulana muhammadin khoiril anam.
Wa’ala alihi wasohbihi wasallam. Amma ba’du
1)
Katur
dumateng romo-romo kiayi soho ustadz - ustadzah madrasah diniyyah tarbiyyatusy
syubban
2)
Katur
dumateng romo KH FAQIH MABRUR saking
GODONG
3)
Katur
dumateng romo-romo kiayi dusun nongko soho sekitaripun
4)
katur
dumateng bapak kepala desa desa sumberagung soho perangkatipun
5)
katur
dumateng wali murid ugi tamu undangan ingkang rawuh………… ingkang kawulo hormati
6)
soho
dumateng rencang-rencang ugi adek-adek murid madrasah diniyyah tarbiyyatusy
syubban……… ingkang kawulo tresnani………..
B. sepindahan sumonggo
kita ngrahosaken syukur wonten ing ngersa dalem ALLAH SWT kanthi syukur
billisan “alhamdulillahirobbil ‘alamin” , keranten kita sedoyo takseh
dipun paringi pinten-pinten kenikmatan, salah satunggalipun nikmat ingkang
ageng puniko nikmat IMAN soho nikmat ISLAM…….
C. sholawat soho
salamipun ALLAH, mugi katur dumateng priantun agung, inggih puniko NABI
MUHAMMAD SAW, “allohumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad” .mugi-mugi kito
sedoyo termasuk dados golonganipun umat ingkang pantes nampi syafa’at milahi
wonten ing dunyo ngantos dumugi wonten ing akherot sak mangke………….. amien
allohumma ….. amien………
D. kaping tigonipun
kawulo wonten mriki kadapuk dados pranoto coro ingkang badhe maosaken
runtutipun acoro ingkang in sya allah badhe kalampah wonten ing
ndalu puniko,
- adicoro ingkang
ongko sepindah pambuko, kaping kaleh waosan rotib tahlil, kalajengaken adicoro
ingkang ongko tigo “persembahan putra-putri madin tarbiyyatusy
syubban”,kalajengaken adicoro ingkang kaping sekawan sambutan utawi atur
bahagio, adicoro ingkang ongko gangsal “istirahat”, kalajengaken adicoro
“mauidzotul khasanah soho doa ipun” dados pungkasanipun acoro wonten ing ndalu
meniko……………………….
E. langsung kemawon
adicoro ingkang ongko sepindah inggih puniko “pambukaan”, sumonggo kito bikak
acoro puniko kanthi waosan “ummul kitab”, mugi-mugi kanthi
waosan puniko, acoro wonten ing dalu puniko saget kalampah kanthi lancar mboten
wonten rupido punopo soho pikantuk berkah saking ngerso dalem allah SWT… biridhoillah…..
al-fatihah………………
F. kalajengaken
adicoro ingkang ongko kaleh inggih puniko waosan rotib tahlil ingkang badhe
ka-imami dumateng panjenenganipun romo KH.MUHLISIN, dumateng panjenenganipun
wekdal soho panggenan ka’aturaken………………. (dumateng panjenenganipun ka’aturaken sewu
sembah suwun)
G. kalajengaken
adicoro ingkang ongko tigo nuwun inggih “persembahan putra-putri madin
tarbiyyatusy syubban”
®
ingkang
pertama : menyanyikan lagu mars muwada’ah,,,, dumateng ingkang bersangkutan
ka’aturaken
®
ingkang
ongko kaleh : waosan GEGURITAN, dumateng ingkang bersangkutan ka’aturaken………….
®
Ingkang
ongko tigo : pembacaan puisi berantai,
dumateng ingkang bersangkutan ka’aturaken……
H. kalajengaken
adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko pranoto atur :
©
Ingkang
sepindah atur sakeng wakil guru karangkep panitia, dumateng panjenenganipun
romo kiayi BUKHORI wekdal soho
panggenan ka’aturaken…(dumateng panjenenganipun ka’aturaken sewu
sembah suwun)
©
Ingkang
sak lajengipun atur saking wakil wali murid, dumateng BAPAK MUDZAKIR utawi BAPAK
RIKO wekdal soho panggenan ka’aturaken………………….(dumateng panjenenganipun
ka’aturaken sewu sembah suwun)
©
Ingkang
sak lajengipun atur sakeng wakil murid, dumateng SITI MAHMUDAH ,wekdal soho panggenan ka’aturaken………………………….(dumateng
panjenenganipun ka’aturaken matur suwun)
©
Ingkang
pungkasan atur saking BAPAK KEPALA DESA, dumateng BAPAK H. RUSNO ,wekdal soho panggenan ka’aturaken……………(dumateng
panjenenganipun ka’aturaken sewu sembah suwun)
I. Adicoro ingkang
ongko gangsal “istirahat”,istirahat badhe dipun isi pembagian hadiah juara
kelas soho ijasah kelas 6 … dumateng bapak kiayi NUR HUDA wekdal soho panggenan ka’aturaken………………….
J. hadirin hadirot
rohimakumulloh……
Kalajengaken adicoro
ingkang pungkasan inggih puniko “mauidlotul hasanah” soho “doaipun”
ingkang badhe kawedar sabda’aken panjenenganipun romo KH.FAQIH MABRUR saking GODONG
, dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan ka’aturaken..”allohumma sholli
‘ala sayyidina Muhammad”………………………..(dumateng panjenenganipun ka’aturaken sewu
sembah suwun)
J. mekatenlah acoro
wonten ing dalu puniko sampun paripurno, mugi-mugi kito sedoyo saget mundut
ibroh saking dawuh-dawuhipun romo yai
meniko……….. saking kawulo mbok bilih wonten klenta-klentuipun atur,,, kawulo
nyuwun agengipun pangapunten……..
Wassalamu’alaikum
warohmatullohi wabarokatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar